Monday, 2 February 2015

pidhato bahasa jawa

Assalamualaikum Wr.Wb.
Sugeng enjing Bapak kalihan Ibu guru
Ingkang dahad kinormatan Kepala SMPN 1 Cluring
Bapak ugi Ibu guru, staf TU, karyawan ugi karyawati SMPN 1 CLURING, rencang-rencang ugi adek adeksedaya kemawon ingkang kawula trisnani.
Inkang sepindah monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun maringaken nikmat, kewarasan dhumateng kita sedaya. Dados kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas IX sampunnika. Mugi – mugi sholawat serta salam anggenipun tetep tertuju utawi kaucap marang Nabi Besar Muhammad SAW ingkang mbeto kita sedaya kengeng jaman jahiliyah dhateng jaman ingkang kathah kenikmatan niki.
Kula salah sawijinipun siswa kelas IX ingkang tinggenah guru kagem ngaturaken matur sembah nuwun kula sarencang namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula kaliyan sarencang ingkang dangunipun tigang warsa dhateng pawiyatan menika.
Kula lan sarencang inggih badhe nyuwun pangestunipun sepados kula sarencang saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sampun dados tujuan kula sarencang. Ugi supados kula sarencang saget dados tiyang ingkang mugunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bahasa lan negara.
Sejatosipun kula sarecang kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Amargi pawiyatan menika supados kados griya kula payimbak. Bapak Ibu guru inggih sampun kula anggep kados tiyang sepang payimbak. Kula inggih gadhah sakedik pesen kagem adek – adek kelas VII kaliyan VIII supados belajar ingkang sregep supados saget mawujudaken cita – citanipun ugi dados lare ingkang lathip.
Cekap semanten saking kula menawi anggen kula sarencang kula kagungan sisip sumbering ingkang klenthu, kula nyuwun agunge pangapunten dhumateng sedaya kemawon. Kula aturaken matur sembah nuwun.
Wassalamualaikum. Wr.Wb.

No comments:

Post a Comment