pepeling :
Sajrone tanggap wacana (pidhato), ana sawehane perangan kang kudu digatetake lan kudu ana ing naskah pidhato, yaiku :
- Salam Pambuka : salam pakurmatan sing sepisan marang para tamu utawa sing kaperang rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.
- Purwaka : atur pamuji yukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/ tamu sing kepareng rawuh.
- Isi utawa Surasa Basa : sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu.
- Dudutan (kesimpulan) : ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.
- Pangarep-arep : pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake.
- Wasana Basa (panutup) : atur panuwun serta nyuwun pangapura menawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.
No comments:
Post a Comment