- Paribasan yaiku , yaiku unen - unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindahan.
Tuladha :
- Keplok ora tombok, tegese melu seneng nanging ora melu ngetokake wragad
- Dahwen ati open, tegese nacad nanging sejatine duwe milik
- Kuncung nganti gelung, tegese wiwit bocah nganti dewasa
- Nulung menthung, tegese nenulung nanging nyilakakake
- Kadang konang, tegese diaku sedulur merga sugih
- Bebasan yaiku , unen - unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan sing dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong.
Tuladha :
- Rebut balung tanpa isi, tegese padudon merga barang kang remeh
- Ngangsu banyu ing kranjang, tegese meguru kang asile ora dicakake
- Ngubak- ubak banyu bening, tegese gawe rusuh ana ing papan kang tentrem
- Wedi rai wani silit, tegese wedi adu arep, wanine mung ana ing mburi
- Emban cindhe emban siladan, tegese ora adil, beda pangrengkuhe
- Saloka yaiku , unen - unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan sing dipindhakake wonge.
Tuladha :
- Kemladheyan ngajak sempal, tegese kanca kang ngajak marang kasusahan
- Gong lumaku tinabuh, tegese kang kumudu - kudu ditakoni
- Ula marani gepuk, tegese wong kang marani/ njarag kacilakan
- Bebek mungsuh mliwis, tegese wong pinter mungsuh wong pinter ning sing siji kalah ubet
- Iwak lumebu ing wuwu, tegese wong kang gampang diapusi
No comments:
Post a Comment